Mula Bukane
Jeneng Kutha
Surabaya
Dhek jaman biyen,nallika raden wijaya isih babad alas
ngedegake kraton Majapahit,dumadakan katenan prajurit tar-tar saka kraton
Mangolia. Prajutrit utusanekaisar khubilai khan kasebut nedya nggoleki
panguwasa saka kraton ing jawadwipa sing wis kumawani ngiris kupinge duta
kasebut ora liya rama merutuwane Raden Wijaya , yaiku Prabu Kertanegara duwe
idham-idhaman kang luhur,yaiku kepingin nyawijikake nuswantara liwat
panguwasane kraton Singasari.Prabu Kertanegara
nganakake ekspedisi pamalayu saprelu njembarake panguwasane. ora mung
kuwi wae ihktiar kanggo mbudidaya supaya nuswantara bisa nyawiji. Salah siji
mungsuhe Prabu Jayakatwang saka kraton Gelang-Gelang (kediri) didadekake besan.
Salah sijji putrine didhaupake karo putrane Prabu Jayakatwang aran ardharaja.
Ewasemono,Prabu Jayakatwang durung bisa narimakake yen kratone wis diasorake
dening Prabu Kertanegara.mulane nalika Singasari nganakake ekspedisi pamalayu
lan kekuwatan lagi ringkih,Prabu Jayakatwang lan prajurite ngrabasa karton
Singasari.Singasari kasil ditaklukake lan Prabu Kertanegara gugur ing
glanggang payudan.Merga keng rama wis
diperjaya dening Jayakatwang saka kraton Kediri,mulane Raden Wijaya maringi
pirsa marang prajurit Tar-Tar menawa panguwasa ing Jawadwipan enggal budhal
menyang Kediri,saprelu utusan kraton saprelu aweh paukuman marang ratu saka
tanah jawa sing wis ngremehake utusan kraton Mongolia. Wekasane dumadi perang
tadhing antarane prajutirt Tar-Tar karo prajurit Kediri. Prajurit Tar- Tar sing
disengkuyung Raden Wijaya lan prajutrite kasil menangake paprangan kasebut, lan
Prabu Jayakatwang kasil diperjaya.
Nalika nglupake lakune
prajurit Tar-Tar nganti tekan Ujunggaluh, dumadakan ing sungapane kalimas ana
kewan loro sing padha tarung adu kekuwatan Kewan sing urip ing banyu kasebut yaiku
iwak Suro lan Baya. Iwak Suro sing dadi ratune para iwak ora narimakake menawa
anak buahe akeh sing mati merga dipangan
Baya. Palapurane anak buahe kasebut
ndadekake iwak Suro pingget atine. Mulane, iwak Sura sing manggon ing segara
bajur menyang sungapane Kalimas, saperlu nlesik apa sing wis duamadi. Ditakoni
apik-apik, wangsulane Baya ora nyenengake. Alasane Baya mangani iwak merga
iwak-iwak kasebut wis kumawani golek pangan adoh saka segara sungapane Kalimas
tlatah sing dadi panguwasane. Tarunge antarane iwak Sura lan Baya nganti dumadi
pirang-pirang dina, awit kekarone padha kuwate. Kewan gedhe sing kagolong galak kasebut duwe aturan
paprangan. Ing wayah angslupe srengenge nganti parak esuk, perange di lereni.Esuke,wayah
mlethek srengenge, tarunge diterusake maneh. Tekan dina katelu anggone perang
tadhing, kekarone wis padha kesele.
Awake iwak Sura lan Baya babak bundhas kabeh. Untu lan landhepe iwak Sura gawe
suweke kulite Baya senajan kulite kasar
lan alot. Semono uga untune Baya sing kuat kasil nyuwek-nyuwek awake iwak Sura
sing rada empuk. Getih mili tekangendi endi, ndadekake banyune Kalimas abang
mbranang.ora let suwe, nalika srengenge ana ing sadhuwure mbun-mbunan,kekarone
pada ngglethak,kejet-kejet banjur ora obah maneh. Iwak Sura lan Baya mati
sampyuh. Mirsani kadadeyan kasebut,Raden Wijaya lan para prajurite pada
kamitenggengen. Disekseni para punggawane lan prajurit Tar-Tar, Raden Wijaya
ngendikan, “Mbesuk yen ana rejane jaman seksanana!Papan panggonan iki dakjenegake
Surabaya.
Tembung Surabaya dijupok
saka tenbung iwak Suro lan Baya. prastawo iku dumadi rikala taun 1190 taun saka
utawa tanggal 31 Mei taun 1293 Masehi. Mulane saben tanggal 31 Mei dipengeti
dadi dina laire kutha Surabaya. Sawise teka Pelabuhan Ujunggaluh seng sak iki
diarani Pelabuhan Tanjung Perak Surabaya, prajurit Tar-Tar sing lagi wae mabuk
kemenangan diajak pesta kanggo ngerayakake menange prajurit Tar-Tar mungsuh
Prabu Jayakatwang lan prajurit Kediri. Prajurit Tar-Tar disuguhi banyu tuak
asli saka Tuban. Ora let sue kabeh prajurit Tar-Tar phada mendem. Prajurit
Tar-Tar sing lagi lena kasebut enggal dipercaya de ning parajurite Raden
Wijaya. Wekasane kabeh prajurit Tar-Tar phada nemahi tiwas. Ora ana siji wae
prasurit Tar-Tar sing kliwatan urip. Tujuane Raden Wijaya merjoya prajurit
Tar-Tar supaya ora gawe reribete anggone mbangun kraton Mojopahit.
0 komentar:
Posting Komentar